ING WAYAH ESUK
Wednesday, July 18th, 2007Mugi Karsaa mberkahi sadaya kemawon ingkang kawula tresnani saha ingkang kepanggih kawula ing dinten punika, nanging langkung-langkung sadherek-sadherek ingkang saweg nandhang kasusahan lan mbetahaken panglipur Dalem Gusti.
Ing wayah esuk
mangsane wong tangi turu,
tangia gregah;
aja ndadak nganggo nuruti aras-arasen.
Iki kanggo nggulang watak satriya.
Enggal ngunjukake urip ingarsa Dalem.Ngunjukake pagawean ing sadina-dinane iku perlu banget,
awit kabeh kang kolakoni,menawa kounjukake ing Gusti,
ngundhakake kamulyan Dalem.
Uripmu banjur ora muspra.
Dadi salaras banget karo karsaning Pangeran.Yen uripmu cocok karo karsa Dalem Gusti,
iku jenenge urip temenan,
pantes, lan drajating manungsa,
tur uripmu uga bakal begja.PADUPAN KENCANA